Sabtu, 21 Maret 2015

DUMADINE DESA RONGGO LAN LAWANG GEDE (Terjadinya Desa Ronggo dan Pintu Besar) Oleh Mbah Jaliyo 12-02-1966



Ana sawijining satria loro kakang adhi, sing tuwa jenenge Citro Buana sing enom jenenge Citro Kesumo. Wong loro mau sumedyo mesubudi (tapa) golek kasektening awake, nuli padha tapa ing tengahe alas ing ara-ara, terus di enggo tapa watara entuk 40 dina. Wong loro mau padha krasa, rasane angine gedhe lan lemahe embet. “Ayo dhi padha ngalih panggonan wae wong lemahe embet lan angine gedhe”. “Iyo ayo kang”. Citro Buana ninggal weling “Papan iki tak jenengi yen dadi desa, Desa Bedingin” amarga lemahe embet lan angine gedhe. Wong loro padha lunga ngalorngetan parane, ketemu jurang kiwa tengen ngisore kayu mlanggang mau di enggo tapa wong loro.
Citro Buana              : “Dhi, ayo dha tapa. Sing aku tapa turu ora mangan, lha kowe          tapa melek.”
Citro Kesumo           : “Aku tapa melek ning mangan yo kang?”
            Citro Kesumo wiwit tapa mau gawe kendil saka lemah, sawise dadi di enggo masak sega, kocape wis mateng dipangan dewe. Esuke meneh uga antep kendil arep masak sega, durung mateng nanging kayune wes entek. Citro Kesumo lunga golek kayu kanggo ngetengna sega ne. Kocape Citro Buana tangi weruh kendil ing pogo, diongak jebul ana segane, yen ngono Citro Kesumo rak tapa magan. Terus kendil diwenehi wedi banjur Citro Buana balik turu maneh.
Citro Kesumo           : “Lho..kok ngeres? Sapa sing menehi wedi liwetku iki?”. Citro        buana digugah adhine.
Citro Buana              : “Kang, apa liwetku iki mau mbok wenehi wedhi?”
Citro Kesumo           : “Iyo dhi, lha wong tapa kok mangan. Malah ngliwet sisan!”
Citro Buana              : “Aku rak wes kondo kang, aku tapa melek ning mangan, kowe        tapa turu yo ora mangan”.
Kocape kendile kepancal Citro Buana pecah, Citro Kesumo njaluk ijol kon mbalekna kaya maune. Citro Buana malah ngamuk-ngamuk adhine. Adhine rumangsa diamuk karo susah nglumpukna kreweng sanalika dadi kendil maneh. Citro Buana rumangsa wirang adhine bisa kaya ngono aku kok ora bisa. “Dhi, ayo sewang-sewangan wae. Aku tak balik mangidul ing bedingin ngratoni bangsa lelembut, kowe mlaku ngalor ngetan. Ning anu dhi, papan iki tak jenengna Ipeng Setapan”.
            Wong loro padha sewang-sewangan siji nglalor ngetan lakune, sing siji ngidul ngulon parane. Kocape Citro Kesumo turut dalan rumangsa dosa karo kangane nedya tapa kungkum ing njero banyu ben ora diweruhi menungsa. Ketemu sawijining kedung ngumpleng dijeguri, tapa kungkum ing njero banyu.
           
Ing desa Ronggos, Ki Onggo lan Nyai Onggo adhine Langkir. Ki Onggo penggaweane golek iwak ing kali lan kulina gawe ipuk-ipukan. Pamitan karo keluargane arep golek iwak gawe ipuk-ipukan. Kocape wis tekan ing kedung ngumpleng, terus Ki Onggo gawe ipuk-ipukan. Ning konosawise dadi, makani ipuk-ipukan karepe ben iwake padha mara ing gasangan anjur ditinggal mulih, esuke arep diparani. Bareng esuke diparani weruh ipuk-ipukan mau jebul ono iwak wis rentengan pirang-pirang, saibo gumune Ki Onggo, iwak digawa mulih ngomong karo keluarga. Iwak dimasak banjur padha dipangan bareng-bareng. Esuke maneh moro ing ipuk-ipukane ngono iku saben isuk ono iwak rentengan. Ki Onggo rerasan “Apa ing kali iki ana sing nunggu?, apa para lelembut?, yen ngono sesuk tak gawakno sego karo uyah, mbok menawa papan iki ana sawijining wong kang lagi tapa kungkum”.
            Kocape Ki Onggo nggawa sega dicampuri uyah  diunder-under dadi kari sak klentheng gedhene. Dicemplungake ing kedung bola-bali nganti gedhe sega mau sak jempolan gedhene dicemplungna. Bareng ditamatna ana kaya wang ngregemeng, terus Ki Onggo nedya gebyur dadi gelut uket-uketan nganti munggah ing genengan ora ana sing menang ora ana sing kalah. Sawise wong loro mau padha leren dewe-dewe akhire takon-tinakon.
Ki Onggo                  : “Kisanak, sapa jenengmu lan saka ngendi sangkanmu? Apa            sebabe kowe nganti tapa ing njero kedung iki lan apa                        tujuanmu?”.
Citro Kesumo           : “Aku Citro Kesumo sedulur. Aku saka kleyang kabur kanginan.    Mula aku nganti tapa kungkum iki kanggo nebus dosa karo              sedulurku tuwa sing jenenge Citro Buana sing saiki ngratoni para    lelembut ing Desa Bedingin, lan karep ben ora ana wang ngerti.        Lha kowe sapa jenengmu, saka ngendi asalmu?”.
Ki Onggo                  : “Aku Ki Onggo. Asalku saka Dukuh Ronggos. Penggaweanku      golek iwak. Yen ngono Citro Kesumo, kowe tak aku sedulur            sinoro wedi. Apa kowe sangup lan gelem?”
Citro Kesumo           : “Aku gelem wae kok kang”.
Ki Onggo                  : “Yen kowe gelem, ayo mampir ing rompokku ing Dukuh                Ronggos!”.
Citro Kesumo           : “Mengko dhisik kang, aku tak meling karo kowe. Kakang              Onggo nyepaki kloso anyar, uplikan anyar, garwomu kon                  nganggo sarwo anyar, kon pupuran sisan. Aku bakal teka ing            omahmu sesuk-sesuk”.
Ki Onggo                  : “Yen ngonno dhi, papan kang kanggo gelut mau pinggire ana        wit nanas mubeng, dadi lor etane kedung iki Desa Kalinanas.          Lan kedung kok anggo tapakanthi mangan mula di eling-eling          papan iki tak jenengna Kedung Manganan. Wong Kalinanas yen    duwe kebo sapi mberah akeh cukup kebutuhane kudu gelem            manganan ing kedung iki”.
           
Ki Onggo ngomong karo bojone kon tuku klasa anyar, uplik anyar lan penganggonmu sarwo anyar, pupuran pisan, bakale ana tamu agung mrene. Tekane Citro Kesumo terus dilebokna senthong (kamar), dongeng-dongengan lelakone ing kedung manganan. Citro Kesumo takon.
Citro Kesumo           : “Iki desa ngendi kang?”.
Ki Onggo                  : “Iki Dukuh Ronggos”.
Citro Kesumo           : “Ah, desa kok Ronggos. Ganti wae kang, umpamane Ronggon        ngono piye?”
Ki Onggo                  : “Ah, kowe kuwi lho dhi dasa kok Ronggon. Yen ngono iki Desa    Rongo wae”.
Citro Kesumo           : “Iyo, setuju kang”.
Citro Kesumo weruh bojone Ki Onggo katon ayu, banjurjawab karo Ki Onggo.
Citro Kesumo           : “Kang, bojomu kok ayu, tak ambunge yo kang. Entuk kang?”.
Ki Onggo                  : “Entuk wae lhawong sing ngersakake sedulur sinorowedi kok”.
Kocape diambung ribut. Sakwise iku Citro Kesumo weruh kebone Ki Onggo akeh.
Citro Kesumo           : “Kang, kebomu tak sembelihe yo kang?”
Ki Onggo                  : “Entuk wae lhawong sedulur sinorowedi sing ngersakake kok”.
Kocape kebo disembelih kabeh, sanaliko kabo disembelih kebo bali urip maneh nganti tekan kewan cilik pithik, bebek, sing pol mburi.
Citro Kesumo           : “Omah tak obonge yo kang?, omah ala ngene wae kok!”
            Omah diobong nganti enthek resik (ludes). Sanalika saka panguasane Gusti, omah kobong mau mbalik asale maneh. Citro Kesumo keweleh.
Citro Kesumo           : “Lhawong dikapak-kapakke kok ora duwe ati mangkel..!”
Citro Kesumo           : “Kang, aku rumongso dosa karo kowe. Kowe tak apak-apakke        kok ya sah-sah wae. Ngene kang, aku arep nebus dosaku karo          kowe. Aku arep tapa ngrame ngalor ngetan parane. Mengko yen      ana titir ing lor etan pernahe aku parani yo kang!”.
Ki Onggo                  : “Iyo dhi, yen ngono tak ilani”.
           
Kocape tekan Desa Borag ana nganten nyar arep unjung ing omahe mara tuwane kanthi dandan ayu lan nganggo kembang akeh diiringna sing lanang serodo adoh olehe ngiringake. Citro Kesumo bareng weruh ana wong ayu pupuran mendro-mendro tanpa seronto digapyuk diambungi ribut. Kocape sing nganten lanang weruh yen bojone diambungi wong, sanakila ngunus kerise ditamakake ana ing lempeng Citro Kesumo sanaliko mati. Banjur nganten lanang wadon padha lunga nerusake laku. Ana wong desa weruh yen ana mayit padha titir sinauran rame.
            Ki Onggo lagi lungguh karo bojo lan adhine Langkir keprungu titir ing lor etan pernahe. Ki Onggo lan Langkir diajak tulung lan nggoleki swara titir mau. Sawatara anggone mlaku durung nganti nemokakae kanti anguk-anguk meksane ora katon.
Ki Onggo                 : “Yen ngono papan iki dadiya Desa Nganguk”.
          Laju lakune bareng tekan desa nora weruh bangke njur digotong karo Langkir, digawa mulih karepe arep dikubur ing lor Desa Ronggo, jebul getihe (darahe) kotos ping telu, sanalika kotose getih mau dadi watu abang telung potho.
Ki Onggo                : “Yen ngono Langkir, papan iki Desa Ronggo yen sedekah bumi rampung kudu    manganan ing kene bisa slamet. Lan yen sedekah bumi kanggo giliran setahun kajate ing Brumbung lan jogete sedina bengi ngalih ngomah.”

Setahune kajate ing kubur iki jogete ing omah sedino sewengi. Langkir nyangking asem kawak digawa karo mbopong mayit digawa mlaku tekan kulone Desa Kalinanas mayit mau nggondo. “Yen ngono papan iki tak jenengna Alas Gondo. Sapa wonge sing manggon ana kono ora bakal kuwat suwe kaporo omahe bisa-bisa rubuh ora tentrem tansah gondo mayit. Laju lakune tekan kali margo mayit mau malah rupane abang gandane bacin sisan. Yen ngono kali iki tak jenengna Kedung Bacin. Laju lakune tekan nduwur mayit arep dikubur ing des, Ki Onggo takon Modin dikandani wong yen kene iki ora ono modine. Mayit krasa nggendoli Langkir, desa iki tak jenengna Desa Gendol. Laju lakune tekan meh wae ing alas, ketemu wong nduduk lemah. “Yen ngono mayit iki candine dikubur ana kono wae. Wong lagi nduduk lemah ditembung ora entuk yen ngono ora candine yo Kir?. Yen ngono desa papan iki yen dadi desa tak jenengna Desa Candi. Mayit kagowo ngulon parane, wong loro mau padha sayah lan padha leren terus masak jangan asem kawak lan ngolah sego, sawise mateng padha mangan bareng. Ki Onggo mangane kecethok klungsu dibuang ngetan parane karo muni “Njangan sak kedung ora ngentekna”. Rampung mangan jangan dibuang sanaliko, jangan mau dibuang ngumpleng kaya kedung. “Yen ngono papan iki tak jenengi Kedung Njangan. Ki Onggo noleh ngetan.
Ki Onggo                   : “Lho...Kir, klungsu sing nyenthok aku mau thukul, yen ngono papan iki ing sak ngisore asem kae mbesuk yen ana wong kang pinter (dukun) sapa wange bubar meguru saka kono yen liwat ngisore wit asem bakal cabar elmune lan uga wong sing arep tumindak culika utawa maling liwat ngisore wit asem kae ora bakal oleh gawe malah nemu cilaka. Yen ngono yen dadi desa, Desa Kawak.
            Mayit digawa mlaku ngulon parane, ora ngerti sangkan parane dumadi jebul mbeluk ngalor parane.
Ki Onggo                   : “Yen ngono papan iki tak jenegi Desa Mbelukkan.”
            Laju lakuning mayit tekan pinggiring desa, ana wong pating jelenggruk padha kemulan, Ki Onggo nembung pacul lan linggis ora padha nduwe.
Ki Onggo                   : “Yen ngono papan iki wonge pating jelenggruk padha kemulan, papan iki tak jenengna Desa Gering Ngising.”
            Ki Onggo gawa mayit karo Langkir, weruh wong padha gawa pacul, linggis, bendo, ning mayit ora gelem dijak leren.
Ki Onggo                   : “Wah, wong kene iki padha sugih kabeh, padha nduwe alat tani. Yen ngono desa iki tak jenengna Desa Sugihan.”

Ki Onggo lan Langkir weruh omah gede kathik ora ana gedheke. “Iki apa omahe ndoro?. Yen omahe ndoro kok ora ana gedheke, apa kandang yo Kir?. Ayo yen ngono dirukti ana kene wae Kir”. Mayit diseleho terus padha nduduk lemah di enggo mendem mayit, dudukan wis jero banjur oleh arep nyemplungake mayit. Jebul mayite ilang musno tanpa lari.
Ana suara tanpa rupa       : “Kakang Ki Onggo, aku Citro Kesumo adhimu kang. Aku titip pusaka iki gawaen ojo nganti ana wong sing padha ngerti ya kang. Yen kowe kepingin ketemu aku, kowe kudu mlaku ngalor ngulon kanthi sarono kowe adola suket alang-alang kok pikul nganggo pikulan landeyan pusaka iki.”
Ki Onggo terus ngomong karo Langkir, Langkir kon bali ing Desa Ronggo. Papan iki marga samar-samar dianggep kandang dianggep omahe ndoro, mula tak jenengi Desa Ndoro Kandang.

            Ana kali sing kanggo padusane para putri ing Jepara diterak sapi sing negar-negar. Terus sapi mau dirujak wong desa, kecekel banjur disembelih. Iwake di dum wong sak desa, balunge diklumpukake lan di wor getihe pisan. Balung kang nglumpuk mau sanalika dadi wujud menungsa Ki Citro. Kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane, Ki Citro nedya mbakul dawet ider jajah desa milang kori. Nuju sawijining dina, bakul dawet mau ider nganti tekan njaba desa. Nuju ngepasi ana bocah angon wedus, akehe ana bocah lima, sing loro ndewe sing telu ndewe. Lah sing ndewe loro mau ndongeng yen mau bengi ngipi mangan bulan lalapane lintang. Citro Kesumo mireng omongane bocah angon wedus mau nedya nyedaki ditawani dawet. Cah loro mau gelem, sing siji dilonggar ngombe dawet nganti kuwaregen nganti muntah. Bareng Ki Citro weruh muntahane bocah mau ing lemah katon mencorong terus dikokop. Kranjang lan ngarone dipasrahake bocah lima dikongkon mbakul dawet bisa kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Ki Citro pamit lunga tumuju tanah Jepara.

Katemenggungan Jepara Tenmenggung diadep para bekel. Para bekel diutus jaga katentremaning Jepara. Para bekel kang jaga ditekani Ki Citro, banjur takon tinakon.
Bekel                          : “He..sapa jenengmu kisanak? Arep menyang ndi, lan saka ngendi asalmu?”
Ki Citro                      : “Jeneng kula Ki Citro. Kula saking kleyang kabur kanginan kandang langit kemul mega. Bade pados pendamelan ndara.”
Ki Citro diajak sowan madep Tumenggung. Ing Jepara Tumenggung nampa lan diwenehi pendamelan dikon ngopeni jaran, Ki Citro banjur sanggup. Ki Citro terus dikon ing gedokan jaran ngopeni jaran.
Nuju sawijining dina Ki Citro rengeng-rengen karo nguda rasa, mangkene pangudarasane, “Eh, iyo lhawong katik ana sing kaya ngono. Panggonane sarwo apik pating glebyar, lungguh kursi empuk. Katik ana sing kaya ngene, kaya aku iki mung trima ngopeni jaran.” Temenggung keprungu tembunge Ki Citro.
Temenggung           : “Ki Citro, kowe kuwi ngomong apa?”
Ki Citro                      : “Niki lho, jarane kok lemu-lemu ndara.”
Temenggung           : “E...ora kaya ngono omonganmu mau! Kowe rerasan to?, ye kowe mung trima ngopeni jaran? Yen kowe kepingin kaya aku, bisa ning mung sediluk.”
Tumenggung nuli maringi busana karo Ki Citro, busana katemenggungan sing temenggunge ganti ijol dadi pekatik utowo ngingoni jaran. Ki Citro dipacak dadi wong gede lungguh kursi empuk, para bekel ora ngerti yen sing lungguh kursi iku asale pekatik. Para bekel diutus mateni pekatik sing ing gedokan jaran. Para bekel banjur mateni pekatik sing asale tumenggung sing asli nganti tumekoning pati. Kanthi nganggo sebutan jeneng temenggung Citro Kesumo, para bekel diutus kon golek wong sing lagi dodol suket alang-alang kon nyowanake ing katemenggungan. Ki Onggo sing lagi wae ider suket diparani para bekel supaya gelem dijak sowan marang ing katemenggungan. Alang-alang dikon njujukna mburi, tekan mburi ditemoni Ki Citro terus pusakane sing di enggo mikul suket mau diparingna. Terus Ki Onggo diwenehi busana ngepasi busana temenggung, Ki Onggo lungguh jejer karo temenggung. Banjur Ki Onggo di kon bali menyang Desa Ronggo amarga arep ana adekan demang. Bareng wis tekan Desa Ronggo, ana adekan demang. Ki Onggo di kon dadi demang nanging ora gelem. Nanging Langkir adhine sing di kon dadi demang ing Desa Ronggo. Ki Onggo terus bali ngetan.
            Ing sawijining dina Ki Demang Langkir ngundang Sungging Hadi Warno kon gawe lawang utawa regol, karo ngundo layangan. Ngepasi lawang dadi terus nyipat kanggo ngencengake gawe kancing. Kancing durung dadi malah diundang wong, dikabari yen layangane pedot ngulon parane. Gandeng kari kancing amarga kesusu diundang wong layangane pedot ana janggleng dipecel dadi loro dienggo kancing dicengkalna lawang. Sungging mlayu nututi layangane karo isiih nggawa tatah. Bareng tekan tengahe Jepara tatah rigel mau, Sungging Hadi Warno ngomong “Yen ngono mbesuk ing Jepara iki akeh sing padha bisa nyungging. Lan sipat sing ditinggal mau, mbesuk wong Ronggo gawe kayu wis ora susah nyipat wis kenceng dewe. Lawang mau kasebut Lawang Gede.”

            Demang Langkir budal ing omahe Ki Onggo takon karo Nyai Onggo.
Langkir                      : “Kakang ing ngendi yu?”
Nyai Onggo              : “Kakangmu lunga nyambong kali golek iwak.”
            Ki Demang Langkir nyusul ing kali ketemu karo kangane
Langkir                      : “Kowe iku lahopo kang? Wong kok dina-dina nyambong kali.”
Ki Onggo                   : “Golek iwak dhi...”
Langkir                      : “Lho..sambongane kok lograk ngono kang, kaline kok malah ngalih ngulon?”
Ki Onggo                   : “Yen ngono papan sambongan iki tak sebut dadi Sambong Lograg.”
Langkir                      : “Kowe yen sedekah bumi ing dina apa kang? Lan apa tanggapane?”
Ki Onggo                   : “Aku yen sedekah bumi ing dina Minggu Kliwon  tanggapane joget. Yen pupuke ambengan iwak loh iki dhi.”
Langkir                      : “Ah, yen aku ora kang. Aku arep nyembelih kebo, iwake tak dumno wargaku lan maneh aku nggawe kembang saka ketan, jarit tak kon gawe ancak pnggonan kekembangan.”
Ki Onggo                   : “Dhi, yen kowe arep sedekah bumi ing dina Rebo Pon wae ora ketang nyembelih kebo kanggo pupuk ambengan aja lali disarati iwak loh. Uga yen sedekah bumi ojo ndisiki aku, yen kowe ndisiki aku wargamu bakal kena pagebluk!”

Ing Desa Ronggo Demang Langkir lan para kawulane padha musyawarah ngrembuk sedekah bumi : 1. Gawe kembangan saka ketan ireng karo ketan putih, 2. Gawe ancak wadah kembangan, terus tanggapane apa?
Para warga lanang             : “Nanggap joget.”
Para warga wadon            : “Nanggap wayang.”
Usul loroo-lorone ditampa. Akhire rina nanggap joget, bengi nanggap wayang ning sedekah bumi ora kena ndisiki Ki Onggo.








Selasa, 11 November 2014

Untitled

Siang itu dipojok kamar asrama, aku baru terbangun dari tidurku setelah semalaman begadang. Sambil bergumam ‘’sumuuukee...’’. bajuku pun terlempar keatas lemari, mingkin dia sudah nggak betah dengan bau badanku. Haha...
Begitu perih dimata karena baru terbuka dan terkena teriknya mentari. Mata ini masih sulit untuk memandang. Anak-anak sekolah yang baru pulang dan makan merubah suasana menjadi ramai seperti halnya pasar. Kugerakkan tubuh ini beranjak dari kasur, mengambil handuk lalu pergi mandi.
Kembali ke kamar dengan memegang perut yang amat sangat kosong. Seperti ayam yang berkokok kala mentari baru bersinar. Terlihat sebatang rokok diatas meja yang baru saja dilemparkan temanku padaku, sambil berkata ‘’ Nyoh rokok’’. Aku biasa memanggilnya Sonthol. Tak lama setelah ganti baju, kuambil rokok itu lalu kubakar ujungnya sembari duduk santai didepan pintu kamar. Uuuuuhh, sungguh nikmat. Setetes dari samudera kenikmatan yang diberikan Tuhan kepada hamba-Nya. Terimakasih Tuhan, terimakasih kawan.
Tiba-tiba aku bertanya pada diriku sendiri, ‘’ini hari apa?, jam berapa?’’, aku sedang apa?. Hahaha.. mungkin karena nyawaku belum sepenuhnya bersatu dengan ragaku. Aku gerakkan perlahan tubuhku ke kanan dan ke kiri, ke ataas dan ke bawah. Sedikit pemanasan untuk memulai hari ini.
Semakin terasa perih dan rami berkokok perut ini, tapi malas beli sarapan, karena jarak warung dari asramaku tidak ada yang dekat, apalagi beli sendiri. Akhirnya aku beli kerupuk dua bungkus, satu batang cokelat, dan dua batang rokok, cukup dengan uang Rp 4.000 sudah membuat mulut dan perutku merasa nyaman.
Sepertinya matahari siang ini mulai bersembunyi dibalik mendung, sama halnya suasana hatiku yang tidak seterik biasanya. Hanya berteman dua batang rokok, satu botol besar air mineral dan notebook, didepannya lagi ada temanku si Gendut yang sedang tidur dengan pulasnya. Namanya Jalal. Aku dan dia tidak jauh berbeda dengan matahari dan bulan. Kenapa bisa begitu? Ya, gaya hidupnya normal seperti anak sekolah yang lain. Tapi dia lebih teratur daripad yang lain. Pagi bangun, berangkat sekolah. Katanya disekolahan dia nggak pernah tidur walaupun tidak ada jam pelajaran atau lagi kosong. Dia rajin belajar, mengaji, aktif dalam organisasi dalam maupun luar sekolah dan berjanjen setiap malam jum’at.  Sedangkan aku, aku baru saja lulus sekolah dan belum meneruskan sekolah lagi atau kuliyah. Jadi malamku aku isi dengan banyak kegiatan, entah itu bermanfaat atau tidak. Dan paginya aku tidur. Tapi itu tidak kulakukan setiap hari. Jadi bisa dikatakan temanku jalal sebagai matahari dan aku bulannya. Hahaha.. kira-kira siapa yang jadi bulan dan mataharinya?. (Tolong jangan meniru gaya hidupku, tidak baik bagi kesehatan).
Suara lantunan bait-bait suci dari toa masjid sudah terdengar begitu keras, rasanya kurang enak kalau saya teruskan tulisan yang aneh ini. Mungkin ini waktunya aku bergegas dan menjalankan kewajiban empat roka’at. Dan kesunnahan ngopi. Salam hangat dariku, dan ‘’ayo ngopi ndisek...’’ :D
Kajen, 11 November 2014