Ana sawijining satria loro kakang adhi, sing tuwa
jenenge Citro Buana sing enom jenenge Citro Kesumo. Wong loro mau sumedyo
mesubudi (tapa) golek kasektening awake, nuli padha tapa ing tengahe alas ing
ara-ara, terus di enggo tapa watara entuk 40 dina. Wong loro mau padha krasa,
rasane angine gedhe lan lemahe embet. “Ayo dhi padha ngalih panggonan wae wong
lemahe embet lan angine gedhe”. “Iyo ayo kang”. Citro Buana ninggal weling
“Papan iki tak jenengi yen dadi desa, Desa Bedingin” amarga lemahe embet
lan angine gedhe. Wong loro padha lunga ngalorngetan parane, ketemu jurang kiwa
tengen ngisore kayu mlanggang mau di enggo tapa wong loro.
Citro Buana :
“Dhi, ayo dha tapa. Sing aku tapa turu ora mangan, lha kowe tapa melek.”
Citro Kesumo :
“Aku tapa melek ning mangan yo kang?”
Citro
Kesumo wiwit tapa mau gawe kendil saka lemah, sawise dadi di enggo masak sega,
kocape wis mateng dipangan dewe. Esuke meneh uga antep kendil arep masak sega,
durung mateng nanging kayune wes entek. Citro Kesumo lunga golek kayu kanggo
ngetengna sega ne. Kocape Citro Buana tangi weruh kendil ing pogo, diongak
jebul ana segane, yen ngono Citro Kesumo rak tapa magan. Terus kendil diwenehi
wedi banjur Citro Buana balik turu maneh.
Citro Kesumo :
“Lho..kok ngeres? Sapa sing menehi wedi liwetku iki?”. Citro buana digugah adhine.
Citro Buana : “Kang, apa liwetku iki mau mbok
wenehi wedhi?”
Citro Kesumo :
“Iyo dhi, lha wong tapa kok mangan. Malah ngliwet sisan!”
Citro Buana :
“Aku rak wes kondo kang, aku tapa melek ning mangan, kowe tapa turu yo ora
mangan”.
Kocape kendile kepancal Citro Buana pecah, Citro
Kesumo njaluk ijol kon mbalekna kaya maune. Citro Buana malah ngamuk-ngamuk
adhine. Adhine rumangsa diamuk karo susah nglumpukna kreweng sanalika dadi
kendil maneh. Citro Buana rumangsa wirang adhine bisa kaya ngono aku kok ora
bisa. “Dhi, ayo sewang-sewangan wae. Aku tak balik mangidul ing bedingin
ngratoni bangsa lelembut, kowe mlaku ngalor ngetan. Ning anu dhi, papan iki tak
jenengna Ipeng Setapan”.
Wong
loro padha sewang-sewangan siji nglalor ngetan lakune, sing siji ngidul ngulon
parane. Kocape Citro Kesumo turut dalan rumangsa dosa karo kangane nedya tapa
kungkum ing njero banyu ben ora diweruhi menungsa. Ketemu sawijining kedung
ngumpleng dijeguri, tapa kungkum ing njero banyu.
Ing desa Ronggos, Ki Onggo lan Nyai Onggo adhine
Langkir. Ki Onggo penggaweane golek iwak ing kali lan kulina gawe ipuk-ipukan.
Pamitan karo keluargane arep golek iwak gawe ipuk-ipukan. Kocape wis tekan ing
kedung ngumpleng, terus Ki Onggo gawe ipuk-ipukan. Ning konosawise dadi, makani
ipuk-ipukan karepe ben iwake padha mara ing gasangan anjur ditinggal mulih,
esuke arep diparani. Bareng esuke diparani weruh ipuk-ipukan mau jebul ono iwak
wis rentengan pirang-pirang, saibo gumune Ki Onggo, iwak digawa mulih ngomong
karo keluarga. Iwak dimasak banjur padha dipangan bareng-bareng. Esuke maneh
moro ing ipuk-ipukane ngono iku saben isuk ono iwak rentengan. Ki Onggo rerasan
“Apa ing kali iki ana sing nunggu?, apa para lelembut?, yen ngono sesuk tak
gawakno sego karo uyah, mbok menawa papan iki ana sawijining wong kang lagi
tapa kungkum”.
Kocape
Ki Onggo nggawa sega dicampuri uyah
diunder-under dadi kari sak klentheng gedhene. Dicemplungake ing kedung
bola-bali nganti gedhe sega mau sak jempolan gedhene dicemplungna. Bareng
ditamatna ana kaya wang ngregemeng, terus Ki Onggo nedya gebyur dadi gelut
uket-uketan nganti munggah ing genengan ora ana sing menang ora ana sing kalah.
Sawise wong loro mau padha leren dewe-dewe akhire takon-tinakon.
Ki Onggo :
“Kisanak, sapa jenengmu lan saka ngendi sangkanmu? Apa sebabe kowe nganti tapa
ing njero kedung iki lan apa tujuanmu?”.
Citro Kesumo :
“Aku Citro Kesumo sedulur. Aku saka kleyang kabur kanginan. Mula aku nganti
tapa kungkum iki kanggo nebus dosa karo sedulurku tuwa sing jenenge Citro Buana
sing saiki ngratoni para lelembut ing Desa Bedingin, lan karep ben ora ana wang
ngerti. Lha kowe sapa jenengmu, saka ngendi asalmu?”.
Ki Onggo :
“Aku Ki Onggo. Asalku saka Dukuh Ronggos. Penggaweanku golek iwak. Yen ngono
Citro Kesumo, kowe tak aku sedulur sinoro wedi. Apa kowe sangup lan gelem?”
Citro Kesumo :
“Aku gelem wae kok kang”.
Ki Onggo :
“Yen kowe gelem, ayo mampir ing rompokku ing Dukuh Ronggos!”.
Citro Kesumo :
“Mengko dhisik kang, aku tak meling karo kowe. Kakang Onggo nyepaki kloso
anyar, uplikan anyar, garwomu kon nganggo sarwo anyar, kon pupuran sisan. Aku
bakal teka ing omahmu sesuk-sesuk”.
Ki Onggo :
“Yen ngonno dhi, papan kang kanggo gelut mau pinggire ana wit nanas mubeng,
dadi lor etane kedung iki Desa Kalinanas. Lan kedung kok anggo
tapakanthi mangan mula di eling-eling papan iki tak jenengna Kedung Manganan.
Wong Kalinanas yen duwe kebo sapi mberah akeh cukup kebutuhane kudu gelem manganan ing kedung iki”.
Ki Onggo ngomong karo bojone kon tuku klasa
anyar, uplik anyar lan penganggonmu sarwo anyar, pupuran pisan, bakale ana tamu
agung mrene. Tekane Citro Kesumo terus dilebokna senthong (kamar),
dongeng-dongengan lelakone ing kedung manganan. Citro Kesumo takon.
Citro Kesumo :
“Iki desa ngendi kang?”.
Ki Onggo : “Iki Dukuh Ronggos”.
Citro Kesumo :
“Ah, desa kok Ronggos. Ganti wae kang, umpamane Ronggon ngono piye?”
Ki Onggo :
“Ah, kowe kuwi lho dhi dasa kok Ronggon. Yen ngono iki Desa Rongo wae”.
Citro Kesumo :
“Iyo, setuju kang”.
Citro Kesumo weruh bojone Ki Onggo katon ayu,
banjurjawab karo Ki Onggo.
Citro Kesumo :
“Kang, bojomu kok ayu, tak ambunge yo kang. Entuk kang?”.
Ki Onggo :
“Entuk wae lhawong sing ngersakake sedulur sinorowedi kok”.
Kocape diambung ribut. Sakwise iku Citro Kesumo
weruh kebone Ki Onggo akeh.
Citro Kesumo :
“Kang, kebomu tak sembelihe yo kang?”
Ki Onggo :
“Entuk wae lhawong sedulur sinorowedi sing ngersakake kok”.
Kocape kebo disembelih kabeh, sanaliko kabo
disembelih kebo bali urip maneh nganti tekan kewan cilik pithik, bebek, sing
pol mburi.
Citro Kesumo :
“Omah tak obonge yo kang?, omah ala ngene wae kok!”
Omah diobong
nganti enthek resik (ludes). Sanalika saka panguasane Gusti, omah kobong mau
mbalik asale maneh. Citro Kesumo keweleh.
Citro Kesumo :
“Lhawong dikapak-kapakke kok ora duwe ati mangkel..!”
Citro Kesumo :
“Kang, aku rumongso dosa karo kowe. Kowe tak apak-apakke kok ya sah-sah wae.
Ngene kang, aku arep nebus dosaku karo kowe. Aku arep tapa ngrame ngalor ngetan
parane. Mengko yen ana titir ing lor etan pernahe aku parani yo kang!”.
Ki Onggo : “Iyo dhi, yen ngono tak ilani”.
Kocape tekan Desa Borag ana nganten nyar arep
unjung ing omahe mara tuwane kanthi dandan ayu lan nganggo kembang akeh
diiringna sing lanang serodo adoh olehe ngiringake. Citro Kesumo bareng weruh
ana wong ayu pupuran mendro-mendro tanpa seronto digapyuk diambungi ribut. Kocape
sing nganten lanang weruh yen bojone diambungi wong, sanakila ngunus kerise
ditamakake ana ing lempeng Citro Kesumo sanaliko mati. Banjur nganten lanang
wadon padha lunga nerusake laku. Ana wong desa weruh yen ana mayit padha titir
sinauran rame.
Ki Onggo
lagi lungguh karo bojo lan adhine Langkir keprungu titir ing lor etan pernahe.
Ki Onggo lan Langkir diajak tulung lan nggoleki swara titir mau. Sawatara
anggone mlaku durung nganti nemokakae kanti anguk-anguk meksane ora katon.
Ki Onggo : “Yen ngono papan iki dadiya Desa
Nganguk”.
Laju
lakune bareng tekan desa nora weruh bangke njur digotong karo Langkir, digawa
mulih karepe arep dikubur ing lor Desa Ronggo, jebul getihe (darahe) kotos ping
telu, sanalika kotose getih mau dadi watu abang telung potho.
Ki Onggo :
“Yen ngono Langkir, papan iki Desa Ronggo yen sedekah bumi rampung kudu manganan ing kene bisa slamet. Lan yen
sedekah bumi kanggo giliran setahun kajate ing Brumbung lan jogete sedina bengi
ngalih ngomah.”
Setahune kajate ing kubur iki jogete ing omah
sedino sewengi. Langkir nyangking asem kawak digawa karo mbopong mayit digawa
mlaku tekan kulone Desa Kalinanas mayit mau nggondo. “Yen ngono papan iki tak
jenengna Alas Gondo. Sapa wonge sing manggon ana kono ora bakal kuwat
suwe kaporo omahe bisa-bisa rubuh ora tentrem tansah gondo mayit. Laju lakune
tekan kali margo mayit mau malah rupane abang gandane bacin sisan. Yen ngono
kali iki tak jenengna Kedung Bacin. Laju lakune tekan nduwur mayit arep
dikubur ing des, Ki Onggo takon Modin dikandani wong yen kene iki ora ono
modine. Mayit krasa nggendoli Langkir, desa iki tak jenengna Desa Gendol.
Laju lakune tekan meh wae ing alas, ketemu wong nduduk lemah. “Yen ngono mayit
iki candine dikubur ana kono wae. Wong lagi nduduk lemah ditembung ora entuk
yen ngono ora candine yo Kir?. Yen ngono desa papan iki yen dadi desa tak
jenengna Desa Candi. Mayit kagowo ngulon parane, wong loro mau
padha sayah lan padha leren terus masak jangan asem kawak lan ngolah sego,
sawise mateng padha mangan bareng. Ki Onggo mangane kecethok klungsu dibuang
ngetan parane karo muni “Njangan sak kedung ora ngentekna”. Rampung mangan
jangan dibuang sanaliko, jangan mau dibuang ngumpleng kaya kedung. “Yen ngono
papan iki tak jenengi Kedung Njangan. Ki Onggo noleh ngetan.
Ki Onggo :
“Lho...Kir, klungsu sing nyenthok aku mau thukul, yen ngono papan iki ing sak
ngisore asem kae mbesuk yen ana wong kang pinter (dukun) sapa wange bubar
meguru saka kono yen liwat ngisore wit asem bakal cabar elmune lan uga wong
sing arep tumindak culika utawa maling liwat ngisore wit asem kae ora bakal
oleh gawe malah nemu cilaka. Yen ngono yen dadi desa, Desa Kawak.
Mayit
digawa mlaku ngulon parane, ora ngerti sangkan parane dumadi jebul mbeluk
ngalor parane.
Ki Onggo : “Yen ngono papan iki tak jenegi Desa
Mbelukkan.”
Laju
lakuning mayit tekan pinggiring desa, ana wong pating jelenggruk padha kemulan,
Ki Onggo nembung pacul lan linggis ora padha nduwe.
Ki Onggo : “Yen ngono papan iki wonge pating
jelenggruk padha kemulan, papan iki tak jenengna Desa Gering Ngising.”
Ki Onggo
gawa mayit karo Langkir, weruh wong padha gawa pacul, linggis, bendo, ning
mayit ora gelem dijak leren.
Ki Onggo :
“Wah, wong kene iki padha sugih kabeh, padha nduwe alat tani. Yen ngono desa
iki tak jenengna Desa Sugihan.”
Ki Onggo lan Langkir weruh omah gede kathik ora
ana gedheke. “Iki apa omahe ndoro?. Yen omahe ndoro kok ora ana gedheke, apa
kandang yo Kir?. Ayo yen ngono dirukti ana kene wae Kir”. Mayit diseleho terus
padha nduduk lemah di enggo mendem mayit, dudukan wis jero banjur oleh arep
nyemplungake mayit. Jebul mayite ilang musno tanpa lari.
Ana suara tanpa rupa :
“Kakang Ki Onggo, aku Citro Kesumo adhimu kang. Aku titip pusaka iki gawaen ojo
nganti ana wong sing padha ngerti ya kang. Yen kowe kepingin ketemu aku, kowe
kudu mlaku ngalor ngulon kanthi sarono kowe adola suket alang-alang kok pikul
nganggo pikulan landeyan pusaka iki.”
Ki Onggo terus ngomong karo Langkir, Langkir kon
bali ing Desa Ronggo. Papan iki marga samar-samar dianggep kandang dianggep
omahe ndoro, mula tak jenengi Desa Ndoro Kandang.
Ana kali
sing kanggo padusane para putri ing Jepara diterak sapi sing negar-negar. Terus
sapi mau dirujak wong desa, kecekel banjur disembelih. Iwake di dum wong sak
desa, balunge diklumpukake lan di wor getihe pisan. Balung kang nglumpuk mau
sanalika dadi wujud menungsa Ki Citro. Kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane,
Ki Citro nedya mbakul dawet ider jajah desa milang kori. Nuju sawijining dina,
bakul dawet mau ider nganti tekan njaba desa. Nuju ngepasi ana bocah angon
wedus, akehe ana bocah lima, sing loro ndewe sing telu ndewe. Lah sing ndewe
loro mau ndongeng yen mau bengi ngipi mangan bulan lalapane lintang. Citro
Kesumo mireng omongane bocah angon wedus mau nedya nyedaki ditawani dawet. Cah
loro mau gelem, sing siji dilonggar ngombe dawet nganti kuwaregen nganti
muntah. Bareng Ki Citro weruh muntahane bocah mau ing lemah katon mencorong
terus dikokop. Kranjang lan ngarone dipasrahake bocah lima dikongkon mbakul
dawet bisa kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Ki Citro pamit lunga tumuju tanah
Jepara.
Katemenggungan Jepara Tenmenggung diadep para
bekel. Para bekel diutus jaga katentremaning Jepara. Para bekel kang jaga
ditekani Ki Citro, banjur takon tinakon.
Bekel :
“He..sapa jenengmu kisanak? Arep menyang ndi, lan saka ngendi asalmu?”
Ki Citro :
“Jeneng kula Ki Citro. Kula saking kleyang kabur kanginan kandang langit kemul
mega. Bade pados pendamelan ndara.”
Ki Citro diajak sowan madep Tumenggung. Ing
Jepara Tumenggung nampa lan diwenehi pendamelan dikon ngopeni jaran, Ki Citro
banjur sanggup. Ki Citro terus dikon ing gedokan jaran ngopeni jaran.
Nuju sawijining dina Ki Citro rengeng-rengen karo
nguda rasa, mangkene pangudarasane, “Eh, iyo lhawong katik ana sing kaya ngono.
Panggonane sarwo apik pating glebyar, lungguh kursi empuk. Katik ana sing kaya
ngene, kaya aku iki mung trima ngopeni jaran.” Temenggung keprungu tembunge Ki
Citro.
Temenggung :
“Ki Citro, kowe kuwi ngomong apa?”
Ki Citro :
“Niki lho, jarane kok lemu-lemu ndara.”
Temenggung :
“E...ora kaya ngono omonganmu mau! Kowe rerasan to?, ye kowe mung trima ngopeni
jaran? Yen kowe kepingin kaya aku, bisa ning mung sediluk.”
Tumenggung nuli maringi busana karo Ki Citro, busana
katemenggungan sing temenggunge ganti ijol dadi pekatik utowo ngingoni jaran.
Ki Citro dipacak dadi wong gede lungguh kursi empuk, para bekel ora ngerti yen
sing lungguh kursi iku asale pekatik. Para bekel diutus mateni pekatik sing ing
gedokan jaran. Para bekel banjur mateni pekatik sing asale tumenggung sing asli
nganti tumekoning pati. Kanthi nganggo sebutan jeneng temenggung Citro Kesumo,
para bekel diutus kon golek wong sing lagi dodol suket alang-alang kon
nyowanake ing katemenggungan. Ki Onggo sing lagi wae ider suket diparani para
bekel supaya gelem dijak sowan marang ing katemenggungan. Alang-alang dikon
njujukna mburi, tekan mburi ditemoni Ki Citro terus pusakane sing di enggo mikul
suket mau diparingna. Terus Ki Onggo diwenehi busana ngepasi busana temenggung,
Ki Onggo lungguh jejer karo temenggung. Banjur Ki Onggo di kon bali menyang
Desa Ronggo amarga arep ana adekan demang. Bareng wis tekan Desa Ronggo, ana
adekan demang. Ki Onggo di kon dadi demang nanging ora gelem. Nanging Langkir
adhine sing di kon dadi demang ing Desa Ronggo. Ki Onggo terus bali ngetan.
Ing
sawijining dina Ki Demang Langkir ngundang Sungging Hadi Warno kon gawe lawang
utawa regol, karo ngundo layangan. Ngepasi lawang dadi terus nyipat kanggo
ngencengake gawe kancing. Kancing durung dadi malah diundang wong, dikabari yen
layangane pedot ngulon parane. Gandeng kari kancing amarga kesusu diundang wong
layangane pedot ana janggleng dipecel dadi loro dienggo kancing dicengkalna
lawang. Sungging mlayu nututi layangane karo isiih nggawa tatah. Bareng tekan
tengahe Jepara tatah rigel mau, Sungging Hadi Warno ngomong “Yen ngono mbesuk
ing Jepara iki akeh sing padha bisa nyungging. Lan sipat sing ditinggal mau, mbesuk
wong Ronggo gawe kayu wis ora susah nyipat wis kenceng dewe. Lawang mau kasebut
Lawang Gede.”
Demang
Langkir budal ing omahe Ki Onggo takon karo Nyai Onggo.
Langkir :
“Kakang ing ngendi yu?”
Nyai Onggo : “Kakangmu lunga nyambong kali
golek iwak.”
Ki
Demang Langkir nyusul ing kali ketemu karo kangane
Langkir :
“Kowe iku lahopo kang? Wong kok dina-dina nyambong kali.”
Ki Onggo : “Golek iwak dhi...”
Langkir :
“Lho..sambongane kok lograk ngono kang, kaline kok malah ngalih ngulon?”
Ki Onggo :
“Yen ngono papan sambongan iki tak sebut dadi Sambong Lograg.”
Langkir :
“Kowe yen sedekah bumi ing dina apa kang? Lan apa tanggapane?”
Ki Onggo :
“Aku yen sedekah bumi ing dina Minggu Kliwon
tanggapane joget. Yen pupuke ambengan iwak loh iki dhi.”
Langkir :
“Ah, yen aku ora kang. Aku arep nyembelih kebo, iwake tak dumno wargaku lan
maneh aku nggawe kembang saka ketan, jarit tak kon gawe ancak pnggonan
kekembangan.”
Ki Onggo :
“Dhi, yen kowe arep sedekah bumi ing dina Rebo Pon wae ora ketang nyembelih kebo
kanggo pupuk ambengan aja lali disarati iwak loh. Uga yen sedekah bumi ojo
ndisiki aku, yen kowe ndisiki aku wargamu bakal kena pagebluk!”
Ing Desa Ronggo Demang Langkir lan para kawulane
padha musyawarah ngrembuk sedekah bumi : 1. Gawe kembangan saka ketan ireng
karo ketan putih, 2. Gawe ancak wadah kembangan, terus tanggapane apa?
Para warga lanang :
“Nanggap joget.”
Para warga wadon : “Nanggap
wayang.”
Usul loroo-lorone ditampa. Akhire rina nanggap
joget, bengi nanggap wayang ning sedekah bumi ora kena ndisiki Ki Onggo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar